-->

Contoh Teks Pidato Sambutan Ketua Panitia




Assalamu alaikum wr.wb.

الحمدُ لله الّذي نحمدُه ونستعينُه ونستغفرُه
ونعوذُ بالله من شرورِ أنفسِنا و من سيّئات أعمالنَا
مَن يهدي اللهُ فلا مضلَّ له
ومن يُضلل فلا هاديَ له
أشهدُ أن لا إله إلاّ الله وحدَهُ لا شريكَ له
و أشهدُ انّ محمّداً عبدُه ورسولُه
اللهمّ صلِّ على سيدنا محمدٍ و علي أله وصحبِه أجمعين. أمّا بعدُ

حضرةَ المحترمين
Poro ulama, poro kiyahi, poro sesepuh, khususipun panjenengan bapak K.H. Najib Muhammad saking jombang ingkang kawulo hormati. Ugi poro hadirin hadirat, bapak ibu sekalian ingkang sampun ngrawuhi pengaosan ing dalu meniko, monggo kito sedoyo ngaturaken puji syukur dumateng karsanipun gusti Allah SWT. Atas segala nikmat ingkang sampun dipun paringake, arupi nikmat iman, nikmat sehat lan lintu-lintunipun.
Lan ugi sholawat serta salam mboten kesupen, monggo kito aturaken dumateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW.  Keranten beliau lah, kito sedanten teng mriki memperingati peringatan Isro’ Mi’roj Nabi Muhammad kanti ucapan ALLOHUMMA SHOLLI ALA SAYYIDINA MUHAMMAD.......
Kulo teng mriki atas nami panitia pengaosan badhe ngaturaken ucapan terima kasih ingkang sak kathah-kathahipun, kaping sepindah inggih puniko dateng sedanten panitia lan masyarakat ingkang sampun maringi bantuan baik ingkang arupi tenaga, pemikiran maupun dana. Kaping kalih ucapan terima kasih kawulo lan panitia aturaken dumateng sedanten bapak/ibu hadirin ingkang sampun ngrawuhi pengaosan ing dalu meniko, khususipun dumateng poro kiyahi lan sesepuh ugi perangkat-perangkat desa lan pemerintahan, atas rawuhipun panjenengan sedantanten kawulo aturaken matur kasuwun sak kathah-kathahipun. Kaping ketigo ucapan terima kasih kawulo sampekaken dateng adik-adik santriwan-santriwati ingkang sampun aktif nyemarakke acara peringatan Isra’ Mi’raj lan tahtimul quran mulai tanggal 24 ngantos tanggal 28 wingi kelawan berbagai perlombaan, baik yang berupa lomba-lomba ilmiah maupun lomba-lomba jasmaniyah.
Meniko putro-putrinipun panjenengan ingkang perlu terus dibina, dididik lan diarahaken supoyo saget dados generasi masa depan ingkang mandiri, sholeh-sholehah berguna bagi agama, negara lan masyarakat. Amin allohuma amin.
 Lan mboten kesupen, kulo atas nami panitia nyuwun agungipun pangapunten, mbok bilih enten panggenan utowo masalah konsumsi utowo sanes-sanesipun ingkang mboten nyocoki ing manahipun bapak ibu hadirin sekalian, sepindah malih kulo lan panitia nyuwun pangapunten ingkang sak kathah-kathahipun.
Mekaten ingkang saget kawulo aturaken mbok bilih enten pangucap ingkang klintu kulo nyuwun agungipun pangapunten.

Wabillahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu alaikum wr.wb.



0 Response to "Contoh Teks Pidato Sambutan Ketua Panitia"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel